Mari Berbagi Berkat Tuhan

 photo UskupEmeritusKAMMgrPiusDautabra.jpg Photobucket

MENDAMBAKAN BERKAT TUHAN

SYALOM...SELAMAT DATANG.
"Maka hendaklah sekarang ini kelebihan kamu mencukupkan kekurangan mereka, agar kelebihan mereka kemudian mencukupkan kekurangan kamu, supaya ada keseimbangan."(2Kor 8:14)
"Muliakanlah Tuhan dengan hartamu dan dengan hasil pertama dari segala penghasilanmu." (Amsal 3:9)
"Janganlah menahan kebaikan dari pada orang-orang yang berhak menerimanya, padahal engkau mampu melakukannya." (Amsal 3:27)
"Barangsiapa mempunyai harta duniawi dan melihat saudaranya menderita kekurangan tetapi menutup pintu hatinya terhadap saudaranya itu, bagaimanakah kasih Allah dapat tetap di dalam dirinya?" (1 Yohanes 3:17)
Saya Pastor Paroki Maria dari Gunung Karmel Tigalingga, atas nama Panitia Pembangunan dan semua umat, memohon bantuan uluran kasih/dana untuk pembangunan Gereja Paroki. Kami sangat membutuhkan berkat Tuhan lewat uluran tangan dari para donatur.
Kami berharap dan berdoa Para Saudara berkenan berbagi berkat Tuhan kepada kami untuk pembangunan Gereja ini yang adalah rumah Tuhan sendiri.
BRI 5379 Unit Tigalingga Sidikalang
No. Rekening : 5379-01-000112-50-8
Nama : PANITIA PEMBANGUNAN GEREJA KATOLIK.
ATAU
BCA KCU MEDAN
NO.0222053453.
Atas Nama : ADYTIA PERMANA P.
(Adytia Permana P. adalah Romo Adytia Permana Perangin-angin O.Carm. Beliau dulu bertugas di Paroki Tigalingga, juga mengawali pembangunan ini, namun sekarang beliau bertugas di Keuskupan Agung Medan sebagai ekonom.Beliau kami minta buka rekening di BCA khusus untuk pembangunan ini, karena di daerah kami tidak ada BCA.)
Kami sangat senang bila sudah mentransfer persembahan, bapak/ibu/saudara/saudari memberitahukan ke kami melalui:
E mail ke :.
parokimariagk3lingga@yahoo.com
atau di SMS ke:.
Romo Anton Manik O.Carm : 081370836645
Romo Willy O.Carm : 081333837433
Untuk lebih jelasnya permohnan kami ini, Para Saudara dapat melihatnya di sini.... Sehubungan dengan Gambar pembangunan dapat melihatnya di sini....
Demikian kiranya Permohonan ini kami sampaikan. Atas dukungan, doa dan bantuan Bapak, Ibu dan Para Saudara-Saudari, kami mengucapkan banyak terima kasih.Berkat Tuhan senantiasa menyertai kita semua. Amin.
HORMAT KAMI:
Pastor Antonius Manik O.Carm

VARIA PAROKI

REKOLEKSI DAN AKSI PANGGILAN TELAH TERLAKSANA DENGAN SANGAT BAIK ;"> "APA YANG KAMU CARI?" (Yoh 1:38).
Puji syukur pada Tuhan, karena Rekoleksi dan Aksi panggilan untuk siswa-siswi Katolik Usia SMP dan SMA se-paroki Tigalingga sudah terlaksana dengan sangat baik. Kegiatan ini dihadiri hampir 400 orang anak. Semuanya dapat terlaksana hanya karena berkat Tuhan. Terimakasih juga kami sampaikan kepada semua Saudara yang telah mendukung dan mendoakan kegaitan kami ini. Kegiatan ini dilaksanakan hanya dengan menggunakan dana partisipasi peserta dan swadaya paroki, karena tidak mendapatkan bantuan dari donatur manapun, namun karena berkat Tuhan dan doa para Saudara, semuanya dapat berjalan dengan sangat baik. Semoga dari antara anak-anak ini, kelak ada yang menjadi Imam dan biarawan-biarawati.
Photobucket
Tuhan memberkati kita.
Kegembiraan dan Persaudaraan
Photobucket
Hari Ulang tahun Romo Anton M.Carm yang seharusnya tanggal 15 Januari 2010, baru dirayakan hari Minggu Minggu 16 Januari 2011 lalu, bersama Romo-romo Karmel se-Dairi, bersama beberapa umat Paroki Tigalingga di Aula Paroki Tigalingga. Pada kesempatan itu, Rm. Bernad O.Carm, pastor paroki Sidikalang memberi kado ulang tahun yakni 20 sak semen untuk pembangunan Gereja dan Rm. Anton sendiri menyumbangkan semua hadiah ultah untuk pembangunan Gereja. Saat itu, hadiah uang yang diperoleh sebanyak Rp. 1.100.000,-. Lumayanlah untuk tambahan dana pembangunan Gereja. Trimakasih buat semuanya.
Saldo Pesta Pelantikan Pengurus Gereja dan Penerimaan Sakramen Krisma, 6-7 Nop. 2010.
Pada hari Kamis 18 Nopember 2010 telah diadakan Evaluasi dan pembubaran Panitia. Saldo dari kegiatan tersebut adalah Rp. 22.320.500 Acara ini dapat berjalan dengan baik karena partisipasi semua umat. Dana juga bisa Saldo karena umat menyumbangkan hasil-hasil pertanian mereka dengan harapan ada Saldo untuk pembangunan Gereja Paroki.Jadi selain dana partisipasi dari umat, juga umat menyumbangkan hasil pertanian yang dibutuhkan untuk mengurangi dana konsumsi. Syukur pada Tuhan, akhirnya memang ada saldo untuk dana pembangunan Gereja. Terimakasih kami ucapkan kepada semua umat Paroki, DPP, Para Panitia, Para Donatur dan siapa saja yang mendoakan dan mendukung kegitan ini. Yesus memberkati kita semua selalu. Amin.

Pesan Paus pada Hari Komunikasi Sedunia ke-45 (Bahasa Jawa)

Pesan Paus pada Hari Komunikasi Sedunia ke-45 (Bahasa Jawa)


Wedharan Sri Paus Benedictus XVI
ing Dina Komunikasi Sosial Sadonya kaping 45
Kasunyatan, Pangerten lan Jatining Urip ing Jaman Digital
5 Juni 2011

Para kadang kinasih,

Ing pengetan Dina Komunikasi Sosial Sadonya kaping 45 iki, aku bakal medharake saperangan panglimbang kang kaprabawan dening kahanan majuning jaman: yaiku muncule internet minangka jejaring komunikasi. Ana sawijining panemu menawa Revolusi Industri jaman semana mrebawani ananing owah-owahan kahananing masyarakat. Mangkono uga ing jaman saiki, tata cara lan piranti komunikasi nuwuhake pangaribawa kang gedhe tumrap owah-owahaning kahanan, budaya lan sosial. Teknologi kang kagolong anyar iki, ora mung ngowahi tata cara sesambungan antarane wong siji lan sijine, nanging gedhe prabawane tumrap sesambungan kuwi dhewe, mula banjur ana panemu menawa awake dhewe saiki urip jroning owah-owahaning kabudayan. Piranti kanggo nyebarake pawarta lan kawruh iki, nuwuhake cara anyar kanggo tansah ngulir budi lan nyinau babagan kang sarwa anyar murih sempuluring sesambungan antar pribadi lan kukuhing paseduluran.

Ing titi wanci iki wawasan anyar sing datan kanyana wus tinarbuka. Wawasan kang sarwa-sarwi anyar iki nuwuhake pangeram-eram, amarga apa wae sarwa ana jroning piranti anyar iki, lan ing wektu iki awake dhewe bisaa nglelimbang maknaning sesambungan jroning jaman digital. Babagan iki sacara mirunggan dadi cetha rikala awake dhewe meruhi kaelokaning internet sarta angeling tata cara panganggone. Muga-muga teknologi komunikasi anyar iki migunani tumrap pribadi lan kabeh umat. Luwih-luwih menawa digunakke kanthi wicaksana, teknologi komunikasi anyar iki aweh pisumbang sing ora sethithik babagan maknaninng urip, kasunyatan lan manunggaling kabeh umat sing tansah dadi idham-idhamaning sadhengah titah.

Jroning sesambungan lumantar piranti digital, panyebaring pawarta lan kawruh nduweni teges mirunggan minangka tukar kawruh antaraning pribadi siji lan sijine. Merga dadi sarana tukar kawruh iki, mula antarane sing wewarta lan sing nampa pawarta, meh wae ora ana bedane; kekarone ora mung ijol-ijolan nanging tansah andum pawarta utawa tukar kawruh. Kahanan mangkene iki mujudake luhuring sesambungan antar pribadi awujud tansah nengenake wawan rembug, andum kabungahan, setya anggone memitran lan kabeh wae sing sarwa becik. Kosok baline, piranti digital iki ana uga kekurangane: nengenke butuhe dhewe, racak mung ngandharake tata lair, merga kepingin nuduhake keunggulaning dhiri banjur gawe katerangan palsu utawa ngapusi.

Sacara mirunggan, kaum mudha ngrasakake lan ngalami owah-owahan iki jroning nindakake sesambungan kanthi sakabehing akibat, tantangan lan rasa kepengin ngertine ing babagan pengalaman-pengalaman anyar merbawani tindak tanduk lan tandang grayange. Sangsaya suwe sangsaya akeh kaum mudha sing ambyur ing forum digital publik, sing mesthi wae ngowahi tata cara sesambungan antar pribadi, mula ora mokal yen banjur ana pitakonan ora mung kepriye sing kudu ditindakake nanging uga babagan jati dhirining kaum mudha ing wektu iki.

Ruang maya bisa digunakake kanggo sesambungan antar pribadi, rikala siji lan sijine tanggap lan ngerti akibate, ing anatarane yen ana sing banjur kebablasen ngatonake kaluwihane sing beda banget karo kanyatane. Andum pawarta lan golek kanca lumantar piranti digital prayogane kudu jujur utawa apa anane, setia lan ora ngapusi..

Teknologi anyar iki aweh kalodhangan sapa wae bisa tansah ketemu datan winates ing papan, wektu lan budaya. Bab iki nuduhake kahanan sing maju lan becik , nanging ana uga resikone. Sapa ta "tanggaku" ? Geneya banjur ora nggatekake wong-wong sing kudu dakgatekake saben dinane? Geneya wektu mung akeh dikorbanake kangggo nggatekake "jagad anyar"? Apa awake dhewe duwe wektu kanggo tansah nglelimbang lan mujudake sesambungan sing supeket lan rumaket? Elinga menawa kontak virtual ora bisa ngijoli utawa nggeteni kontak manusiawi.

Ing madyaning alam digital iki uga, saben pribadi bisaa nuduhake jati dhirine. Rikala saben pribadi tansah andum kabar, kabarna babagan sing sarwa becik lan kebak pengarep-arep. Tuduhna tata cara sesambungan sacara kristiani, yaiku jujur, tinarbuka, nduweni tanggung jawab lan ngajeni marang liyan. Martakake kabar kabungahan (Injil) ing panggung media jaman saiki, ora cukup mung ngandharake tetembungan religius, nanging kudu wani dadi seksi. Tidak tanduk lan keputusane selaras karo sabda Dalem Gusti jroning Injil Suci. Jroning kahanan lan tata cara sesambungan kang sarwa anyar iki, awake dhewe - wong Kristen - tinimbalan aweh pepancasan , wangsulan lan dadi pengarep-arep tumrap sapa wae sing mbutuhake (bdk. 1 Petrus 3: 15)

Ayahan martakake Injil ing jaman digital, yaiku ngadhar isining sabda Dalem Gusti lumantar internet butuh kabisan lan kawigaten kang mirunggan. Wiwitane awake dhewe kudu ngerti menawa sing bakal diwartakake ora dijupuk saka babagan sing moncer lan ngembrah. Awake dhewe kudu bisa mbabar sawutuhe, ora malah mung waton angger bisa ditampa wong liya. Martakake Injil mono ora mung sagebyaran, becik menawa dadi ayahan padinan. Kasunyatan jroning Injil Suci Dalem ora mung cukup diwaca sepisan banjur nuwuhake rasa marem, nanging kudu tansah terus disurasa kanthi mardika. Malah yen diwartakake lumantar internet, Injil kudu manjalma lan dadi nyata. Ing perakara iki sesambungan antar pribadi tetep dadi kunci jroning martakake kabar kabungahan.

Mula saka iku, kanthi teguh, wani lan penuh tanggung jawab, dak ajab umat kristiani melu nggabung jroning jejaring ing madyaning jaman digital. Aja mung marem merga kepingin ketok, nanging amarga jejaring iki saiki wus dadi perangan uriping manungsa ing jaman saiki. Internet aweh pisumbang sing ora sithik tumrap tambahing wawasan intelektual lan spiritual lan dadi piranti kanggo tukar kawruh. Ing papan iki uga awake dhewe tinimbalan martakake Sang Kristus, Gusti, Sang Juru Wilujeng kang uga nylametake sejarahing umat manungsa, ya ing Panjenengane sakabehing kapenuhan manjalma (bdk. Ef. 1:10). Martakake Injil mbutuhake sesambungan kang penuh kurmat lan kebak kawigaten, nggegulang manah, mesu budi; tuladha wungu Dalem Gusti Yesus kacetha rikala Panjenengane ngancani murid Dalem sing lagi mlaku tumuju ing Emaus (bdk. Luk 24:13-35). Kanthi cara ngancani, nyedhaki lan wawan rembug kang mranani, Gusti Yesus nuntun murid mau lan banjur murid mau pana marang prastawa kang lagi wae dialami.

Wasana, kasunyatan wedharan Dalem Sang Kristus tansah dadi pepancasan kang wutuh lan nyata kanggo ngadhepi ombyaking jaman iki. Wong sing ndarbeni keyakinan iman kang teguh, mesthi tindak lan tanduke cumadhang dadi saksi sacara wutuh lan tangguh, banjur nggunakake kabisane ing internet ora kanggo ngremehake wong liya, apus karma lan tumindak ala. Kosokbalene, wong kang penuh keyakinan iman nyengkuyung amrih tansah ngupadi kasunyatan, bebener lan nindakake sesambungan antar pribadi kanthi wutuh lan jujur.

Dak ajab para mudha dadiya luwih migunani ing madyaning jaman digital iki. Dak ambali maneh ulemanku marang para mudha ing pengetan Hari Kaum Muda Sedunia mapan ing Madrid, ing kono bakal kacetha menawa teknologi anyar bakal aweh pisumbang kang gedhe tumrap karaharjaning donya. Karana berkah Dalem Gusti lumantar Santo Fransiskus de Sales, aku munjuk mring Pangeran, muga para pekerja komunikasi tansah nindakake pakaryane kanthi jujur lan professional. Tumrap kowe kabeh, dakjangkung mawa berkah apostolikku.

Vatikan 24 Januari 2011

Pesta St, Fransiskus de Sales


Benedictus PP XVI

(Diterjemahkan oleh: Komisi Komsos Keuskupan Agung Semarang)

Disadur dari : www.mirifica.net

0 comments:

Post a Comment

Syalom. Terimakasih atas kunjungan dan komentarnya.Semoga Tuhan memberkati para Saudara.

 
Maka hendaklah sekarang ini kelebihan kamu mencukupkan kekurangan mereka, agar kelebihan mereka kemudian mencukupkan kekurangan kamu, supaya ada keseimbangan! (2Kor 8:14)